Akreditasi S2 Bahasa Jawa
Primary tabs

Mengawali tahun 2026 alhamdulillah S2 Pendidikan Bahasa Jawa memperoleh predikat unggal. Terimakasih kepada seluruh tim yang mendukung sehingga S2 Pendidikan Bahasa Jawa dapat Unggul. Matur nuwun kepada mas Galang Ka borang, ingkang teras kemawon berjuang, ngantos teles kebes riwenipun netes netes. malah wingi taksih dipunrepoti bab pajek, matur nuwun Bp Kadep, Ibu sekdep ingkang trengginas, gandhes luwes, Mas Doni, Ibu Venny, Ibu Wulan, Ibu Nur ingkang waskitha ing data, Ibu Niswah, pemudi trengginas andalan, Mas Walin juru web lan medsos, Para limpad inggih para senior ingkang minangka panyengkuyung ingkang nalika radi mutawatiri kersa cancut taliwanda inggih Prof Nyai Endang, Prof Njeng Wardi, Prof Njeng Warna, Njeng Mahamantri Purwadi, Njeng Begawan Mul, Ibu Siti lan Ibu Hesti ingkang setya tuhu ngampingi nalika AL, para pemudha barisan mendhet, pados, nguthik uthik data ingkang rinten dalu sok wungon ngantos socanipun mbrebes medal toyanipun, inggih Raka Ghis, Nyi Erna Menggung Makin, Menggung Aziz, Menggung Eko, Menggung Sutris, Menggung Husein, Nyi Yusi, Nyi, Mendhung, Nyi Fitri, Nyi Amin, Nyi Futya. Menggung Bimo, Menggung Alfian, Pak Kyai Yayan, ugi Raka Kisno mugi sedayanipun ingkang sampun dipunlampahi kanthi lila lega minangka panyengkuyung saya ngrembakanipun prodi S2, Barokah ing sedayanipun. Ugi mugi sang Bethara Surya ingkang sakmangke ugi sok lenggah ing prodi tansah sumorot ngantos ayang ayangipun saged ugi kangge ngeyup. Semoga dengan capaian ini S2 Bahasa Jawa UNY semakin jaya dan semakin yakin tuk kuliah.